Tampilkan postingan dengan label Budaya Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Budaya Jawa. Tampilkan semua postingan

Minggu, 23 Desember 2012

DONGA YUSUF

DONGA YUSUF
Bismillah ....
Khususon illa jihati anu
Bismillahi Allahuma
Ya Allahu Ya Allahu
Ya Muhammadun Ya Muhammadun
[no]

Laku :
* Poso mutih***dino (koyo romadhon)
Ngebleng sedino sewengi
* Wektu nglakoni saben bar sholat diwaca ping 150,
Wektu ngebleng diwaca sak wengi.
* Yen wis bar, menawa arep dicakke jam 12 bengi diwaca ping 1000.

DONGA YUSUF 2
Puniko pengasihan kulo saking Kjg. Nabi Yusuf
- Fathekah...
- Bismillahi Allahuma
  Ya Allahu 4x
  Ya Muhammad 3x (ndamu epek2 4x )
  Cahyaku mencorong (diusapke rai 5x  soko bathuk ...)
  kadyo rembulan purnomo
  Asih-asih wong sakbuwono keh marangaku
  Saking kersane Gusti Allah
[no]
 

Senin, 17 Desember 2012

MANTRA TIMBUL LEMBU SEKILAN

Dzat sipatu'llah
Tinumbak tuna
Sinuduk luput
Allah ora katon.
[no]


laku : Mutih****dino lan pati geni sedino sewengi

ISMU PENGASIHAN SEMAR KUNING

Ajiku si Semar kuning

Akuncung kumala murub
Nalencer sundul wiyati
Cahyaku maya mencorong angungguwung
Kilat thathit ing kedhepku
Sun linggih tengahing bumi
Sakehing wong kang andulu maring aku
Gedhe cilik, tuwo anom, lanang wadon
Teka welas asih ndulu sariraku.
[no]


PENGASIHAN PUTER GILING

Puter giling mungguhinga giri wisesa
Anurunaken sarining bayu
Guruning pangucap
Guruning paningal
Guruning rasa
Iya rasa iya Rasul
Ya Allah Ya Muhammad
Roh idlafi ratuning nyawa sakalir
Rohe sang prabu sumuyuda maring rohku
Rohku sumuyuda maring rohe sang prabu
Sang prabu teka asih marang aku
La ilaha ilallah Muhammad Rasulullah
Salla'llahu 'alaihi wasallam.
[no]

AJI SERUT BREKUTUT

Allahuma
Ajiku serut brekutut
Encik-encikku kayu raga
Omben-ombenku madu karo juruh
Satruku sabuana padha lunga sirna
Bendaraku teka
Teka mulung asih mulung asih
Asih saka kersaning Allah andulu badan sariraku.
[no]

Laku : Basa kang arum manis

Minggu, 16 Desember 2012

AJI SRIWIDARA { Manising Calathu }

Ajiku Sriwidara
Esemku Dewi Supraba
Uringku Dewi Ratih
Sing andulu sing andeleng
Teka welas teka asih
Teka demen teka kangen
menyang ing jiwaku
Saking kersaning Allah.
[no]

Laku ; Pasa***dina { ora turu }

KATUJOKAKE MARANG WONG KANG LAGI SENGIT

Allahu cahyo mulyo
Sira sun kongkon
Sira irupen cahyane mungsuh ....
Amoro lan cahyaku
Allahu sir sir sir sir sir 5x
[no]

Laku ; Kawateg sarambahan saben mapan lan tangi turu.

Senin, 10 Desember 2012

PENGASIHAN ASMARA KUNING

Jum'at pon
Setu wage
Minggu kliwon
Aku njaluk gawemu lan kadigdayanmu
Tarikna jabang bayine si anu
lebokna guwo garbaku
Teka welas teka asih
Teka kedhep teka lerep
Marang jabang bayiku.
[no]

Laku : mutih**dino

Minggu, 09 Desember 2012

AJI PENGASIHAN SEMAR KUNING

Ajiku si Semar Kuning kinurungan nyawa,
Adoh asih cedhak asih,
Asih marang aku si anu.
[no]

Laku : Pasa mutih****dina,
pati geni sedino sewengi
sarta ora kena cidro.

PENGASIHAN KUN-JALI

Allahumma,
Kun_Jali-Kun_Jali asih si anu,
Teka welas teka asih marang aku,
Nabi Waline iya teka welas asih menyang aku,
Asih saka kersaning Allah.
[no]

Lakune : Kawateg sarambahan saben tetemon karo wanita kekasihe
karo megeng napas sedhela.

PENGASIHAN Oleh Mbah Reso Samin

Bismillah ....
Niat ingsun nginang,
Suruhku panglembaring ati,
Injetku pangebanging ati.
Gambirku pangruketing ati,
Mbakoku pangruweting ati,
Sing andulu sing andeleng menyang badan sariraku,
Teka welas teka asih menyang badan sariraku,
Ya hu Allah 3x
Keturutana dening Allah,
Panuwunku Gusti Allah,
Ono Dhandhang perang sabil,
Menyang tanah Jawa,
Apa rupane si Dhandhang,
Si Dhandhang cucuk'e emas,
Cucuk'en atine anu,
Huwet-huweten rempelune,
Remet-remeten marase,
Temu turu tangekno,
Temu tangi linggehno,
Breg mati ora mari,
Nek ra aku sing nambani,
Lailah ha ilallah.
[no]

Laku : Mutih****dina / ngbleng***dina,

PENGASIHAN Oleh Mbah Putri Reso Jiah

^ Fathikhah ....
* Sedulurku papat lima pancer-
sing ono ndhuwur gunung Mainaka,
Mudhuna aku njaluk gawemu,
Lebonana atine jabang bayine anu,
Lebokna ono pangkonku.
* Iki pengasihanku,
Iki kinangku,
Suruhku panglembare ati,
Injetku pangebange ati,
Gambirku pangrukete ati,
Mbakoku pangruwete ati,
Ya hu Allah 3x
Ono Dhandhang perang sabil,
Opo rupane si Dhandhang,
Si dhandhang cucuk'e emas,
Cucuk'en atine anu,
Remet-remeten marase,
Ruwet-ruweten ususe,
Breg seg mati ora mari,
Yen ora aku sing nambani.
[no]

Laku : Mutih biasa***dina.
Ora kena turu yen durung jam 12 bengi.
Magrib karo yen arep mapan turu diwateg.



PENGASIHAN

PENGASIHAN
Bismillah ...
Allahuma ragaku mara,
Muhammad kekasihe Allah,
Turuning cahya dening Allah,
Wus asih kinasihan sajron alam kabeh,
Tuwa enom lanang wadon jin setan
manungsa sato kewan kabeh,
La illaha 'ila 'llah Muhammad Rasulu'llah.
[no]

Laku : Mutih***dina ngebleng sedina sewengi.

PENGASIHAN 2
Bismillah ....
Niat ingsun nginang,
Suruhku penangise jabang bayi,
Gambirku panggigiting ati,
Susurku panggubeting ati,
Dubang wurung sing tak kongkon,
Lebonana menyang jabang bayine si anu,
Yen turu tangekna,
Yen wis tangi lakokna,
Tekan nggone jabang bayiku,
Teka kedhep teka lerep,
Teka welas teka asih,
Welas asih menyang aku,
Asih kersane Allah.
[no]

Laku : Pasa***dina ora turu.

AJI PENGASIHAN SETAN KOBER Oleh Ki Brajang Kawat

Ajiku si setan kober,
Sun panahken gunung gugrug,
Sun panahken langit bengkah,
Sun panahken bumi amblong,
Sun panahken ing alas gung liwang-liwung sirna gemplang,
Sun panahken mendhung larut,
Sun panahken segara sat,
Sun panahken atine si anu,
Cabak mati kapisanan,
Pethot thel gigal atine,
Kerut kakukup kairup,
kodheng dhegleng tanpa ngucap,
Pangucaping amung ayo,
iya ayo ayo iya,
iya yo cup indha-indhul.
[no]

PENGASIHAN Oleh Ki Berang Kecer

Ajiku setan waringut,
Keri grisi gerah-uyang,
Srita sritu kudu melu,
Mring aku pasrah dandanan.
[no]

AJI JARAN GOYANG


Bismilah ....
Niat ingsun mateg ajiku jaran goyang,
Cemethiku sada lanang,
Tak sabetake segara, asat.
Tak sabetake gunung, jugrug.
Tak sabetake atine jabang bayine...., mati tan urip
yen ora ingsun kang karya jampi.
[no]