Minggu, 09 Desember 2012

PENGASIHAN

PENGASIHAN
Bismillah ...
Allahuma ragaku mara,
Muhammad kekasihe Allah,
Turuning cahya dening Allah,
Wus asih kinasihan sajron alam kabeh,
Tuwa enom lanang wadon jin setan
manungsa sato kewan kabeh,
La illaha 'ila 'llah Muhammad Rasulu'llah.
[no]

Laku : Mutih***dina ngebleng sedina sewengi.

PENGASIHAN 2
Bismillah ....
Niat ingsun nginang,
Suruhku penangise jabang bayi,
Gambirku panggigiting ati,
Susurku panggubeting ati,
Dubang wurung sing tak kongkon,
Lebonana menyang jabang bayine si anu,
Yen turu tangekna,
Yen wis tangi lakokna,
Tekan nggone jabang bayiku,
Teka kedhep teka lerep,
Teka welas teka asih,
Welas asih menyang aku,
Asih kersane Allah.
[no]

Laku : Pasa***dina ora turu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pemanggih saha penggalihan Panjenengan ingkang sipatipun mbangun tansah kawulo ajeng-ajeng,, sumonggo dipun serat wonten mriki !