Sabtu, 15 Maret 2014

AJI JAYAKAWIJAYAN



GELAP SAYUTA
Saka : Mbah Reso Samin
Bis...
Niat ingsun mateg ajiku gelap sayuta
Gajah putih sewu panggrowakku
Macan putih sewu panggeroku
Kethek putih sewu panggrowakku
Teko kedhep teko lerep
Teko welas teko asih
Wong sakdonya asih menyang aku kabeh.
Laku; - mutih biasa ****dina
          - Patigeni sedina sewengi
[no]

MANTRA GELAP SAYUTA
Ngarepku macan galak
Dadaku singo barong
Lungguhku macan luwe
Lelekonku baya ngangsar
Wewayanganku gajah
Sikilku gelap sayuta
Pangucapku gelap murup ing ndhuwurku
Sasabdaku kedhep wong sakbuwono kabeh
Aku kunfayakun, sarira ana rasaningsun
Tetep idhep maring aku
Pan ingsun ratuning urip
Uripe aran uripingsun
Polahira polahingsun
Pangucapira pangucapingsun
Pangambunira pangambunigsun
Paningalira paningalingsun
Pamiyarsanira pamiyarsaningsun
Rasanira rasaningsun
Rasaku angikuti rasane wong sajagad kabeh
Rasaku rasa Allah
La ilaha ilallah Muhammad Rosulullah.
[no]


LEMBU SEKILAN
Saka ; Dhadung  Awuk
Ajiku lembu sekilan, neng jroning wayanganipun
Braja mara magak-magak, mendhak puwer dadi banyu
Sun wruh ing jijilahanmu, hem aku si teyang maya.
        > Anjejak lemah ping  telu, megeng napas tan kumedhep.
[no]



LEMBU SEKILAN
Saka : Ki Celeng Belek
Jiku lembu sekilan, tanpa kadhang braja kadung
Liwang – liwung dhat cleng gemplang, tanpa lawan
Sabda ayu, ayu – ayu tanpa kara – kara hem aku si Badhur.
>  Nylenthik panudhuh ping telu
[no]

TIMBUL  LEMBU SEKILAN
Dzat sipatullah
Tinumbak tuna
Sinuduk luput
Allah ora katon.
      >  Mutih****dina lan patigeni sedina sewengi.
[no]

BROJOMUSTI
Si Kata si kara welang
Macan gembong ing gigigrku
Metu kilat ing cangkemku
Petak wedi si jabang bayi andeleng awak badan sariraku
Yen turu katon lumbak – lumbak kaya segara
Yen ngadeg katon kaya gunung sewu
Yen lumaku katon kaya gunung sewu alelaku
Metu wadung ing dhengkulku
Metu pethik ing sikutku
Metu gunting ing darijiku
Sing tak garap sing tak usap teko bencur teko mancur
Bayune si jabang bayi, asalira saking bayu – mulih maring bayu
Asalira ora mulih maring ora
Dhadha brajaku brajamusti
Pupuku si param tunggal
Epek – epekku si braja keras
Darijiku si wesi gunting
Sing tak cekel tugel
Sing tak usap lebur musna ilang tanpa karana
La ilaha ilallah Muhammad Rosulullah.
>    Laku : Mutih****dina patigeni sedina sewengi
[no]

BROJOMUSTI
Bis...
Ingsun amatak aji
Ajiku aji brojomusti
Kutakuti tanganku gandhen wesi
Tak tibakke jabang bayine...bek
Mara sido mati
Yen ora aku sing nambani ora bisa mari.
[no]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pemanggih saha penggalihan Panjenengan ingkang sipatipun mbangun tansah kawulo ajeng-ajeng,, sumonggo dipun serat wonten mriki !